Arsip Blog
Lirik Lagu Tragedi Tali Kutang
Ndek mbiyen wes tak tukokke wujud tali sak kotange…
Sak ikine lha kok ilang sak slirane…
lungo menyang ngendi
tanpo pamit ra ngabari
opo lali kowe karo aku iki
Najan regane 6 ewu
kuwi wujud katresnanku
Jare kowe melu aku
lha kok mlayu…
Opo kurang larang pungkase kowe ilang
Neng ngendi anggonku golek i tali kotang….
Iki mas taline…. tak kundurake…
mergo bapak ora ngeparengake…
aku dijodohne marang karo prio seje…
wes cukup tekan semene wae
duh…. kangmas andum basuki
aku ora bakal lali… yen gusti ngeparengake
mesti bali….
Tali kotang iki tak simpene tekane pati
tali kotang tondo tresno kang suci….
Lirik Lagu Alun-Alun Nganjuk
Lunga tak anti – anti kapan nggonmu bali
Mecak’e endahing wengi kutha Nganjuk iki
Sumilir angin wates nggugah kangene ati
Apa kowe ora ngerteni
Kowe tak kangeni
Ning alun – alun tak goleki
Terminal stasiun tak ubengi
Senajan setahun tak enteni
Tresnamu sing tak gondheli
Lali tenan to dhik nggonmu janji – janji ?
Disekseni lampu alun – alun iki
Lali tenan to dhik karo aku iki ?
Ning terminal stasiun nggonku nggoleki
Lirik Lagu Denpasar Arjosari
Tanggal 30 Oktober dek wingi
SMSmu isih ono Hp iki
Tak simpen ono njero Folder Pribadi
Terus tak woco saben awan saben bengi
Soko terminal Arjosari (Arjosari)
Kowe pamit budhal nang Mbali (nang Mbali)
Emboh Denpasar embuh ngendi (Pasar Sapi)
Emboh Kecantol cowok australi
Barang saiki kok ngajak bubar
Opo kowe kepincut cowok Denpasar
Keputusanmu Bulat tekatmu
Mung pandunganku padhango dalanmu
Sing penting aku west au ngrasakke
Yen ngajak pisah aku mung manut wae
Joko dudo Denpasar akeh tunggale
Pilih ketut, opo Wayan opo Made
Ora prawan ora Rondho
Aku ngerti kowe sopo
Ora joko ora dudo
Karo aku jane podho
Aku wes mbok wanti-wanti
Ojo nganti aku lali
Tapi engkau lupa diri
Cintaku kau bawa pergi
Timbang Mikir kowe penak turu wae
Sopo ngerti aku ngipi pethuk kowe
Njrone ngimpi terus tak jak ngene??
Yen ra gelem penak diplekotho wae….




